Mungkin banyak saat ini yang bingung membuat pidato dalam bahasa jawa khususnya saat duduk di SMP. untuk itu aku ingin sedikit membantu dengan contoh pidato yang aku buat. semoga sukses dengan tugasnya ya?
Pidhato Basa Jawa
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak sarta Ibu guru ingkang tansah kula hurmati. Sedaya kanca siswa kanca kelas IX-2 ingkang tansah pinayungan kanugrahane Gusti sarta tansah kula tresnani.
Ingkang sepisan, mangga kita tansah memuji wonten ngarsaning Gusti saha tansah atur syukur dhumateng Gusti ingkang murbeng dumadi, amargi namung saking hidayahipun Gusti kita saget makempal dhateng mriki kanthi sehat wal afiat.
Kaping kalih wonten kalodhangan punika kula badhe atur sesuluh dhumateng sedaya siswa ngenani kasarasan. Sedaya sami pirsa bilih kasarasan punika langkung penting katimbang harta benda lintunipun.
Musim jawah punika rupinipun dereng wonten telase. Musim jawah punika badhe dados musim ingkang panjang. Kathah wit-witan ingkang tumbang, banjir nerjang wonten sedanten daerah. Keadaan ingkang makaten ndadosaken kita sedanten saget kenging penyakit muntaber, gatel-gatel, lan diare.
Mirunggan ing kalodhangan punika kula badhe atur priksa mligi satunggalipun jalan ngehpunika tansah buang sampah wonten tempatipun, penghijauan, lan mboten ngantos kasupen njagi kebersihan griyo lan lingkunganipun.
Sampun ngantos nyepelekaken penyakit muntaber, penyakit punika saget nyebabake kematian. Kita kedah ngreka daya murih penyakit punika mboten ngantos nyerang kita sedanten.
Mangga kita sedanten sedanten sesarengan njagi kebersihan lingkungan dipunmulai saking keluarga kita rumiyin lan sampun ngantos buang sampah sembarangan, napa maleh sapunika musim jawah, kita kedah atos-atos njagi kesehatan.
Cekap semanten atur kula, mugi-mugi ingkang kula aturaken wonten gina manfaatipun. Pungkasanipun atur, sumangga kita tansah muji dhateng ngarsanipun Gusti mugi kita dipun tebihaken saking sedaya ujian kalebet ujian sakit. Menawi wonten tumpang suhipun atur kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Nuwun
Assalamualaikum Wr. Wb.












0 komentar:
Posting Komentar